contoh pawarta bahasa jawa


PAWARTA
“LENGEN BAYI DIGUNTING IBUNE DEWE”






JENENG : NASTITI LARASATI
NOMER : 26
KELAS : XII IPA



Lengene Bayi digunting Ibune Dewe
    Jombang.Miris banget kelakuane Nur Inani Ana,33,warga dusun Ngudirejo kec.Diwek.marang putrine dewe.dheweke tega ngunting tangan bayine kang isih umur 7 wulan dek wingi(25/8).nyebabake lengen kiwo bayine meh pedhot.
    “Otot lengene pedhot,sawise diwenehi pangrumatan,bayi kasebut terus dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo Surabaya,”atur dr.Agung,dokter jaga UGD RSUD Jombang.
    Agung ngrujuk bayi kasebut menyang RSUD dr.Soetomo sawise nyuwun palilah menyang dokter spesialis.”sawise tatune ditutup,bayi langsung karujuk menyang RSUD dr.Soetomo.”ujare.kahanan balunge pedhot opo ora during iso menehi katrangan kang rinci.”kawulo dereng ngantos mreksani kahanan balunge langsung kawulo rujuk.”ujar  dr.Agung.
    Aisyah(jenenge bayi kasebut) digawa keluargane menyang RSUD Jombang jam 10.00 kahanane parah banget. Awake lemes,amergo ngetokake getih waras saka lengen kiwone. Nganti ora bisa nangis naming misek-misek lan luh mripate dredes terus.
    Tekan rumah sakit Aisyah gak kesuwen terus di infuse liwat sikile,sedelo banjur iso nangis.tangis Aisyah leren amergo bakake menehi dot susu formula.
    Aisya putri kang kapisan pasangan.Arifin,31 lan Nur Inani Ana. Kedadean diwiwiti saka tangise Aisyah,ora ngerti sebab opo kok nangis terus saka isuk. Ing omah gedhe iku,ana mung Aisyah,ibune lan simbah putri,Sa’adah,48. Arifin bapake Aisyah wiwit isukwis budhal menyang pasar cukir dodolan sayuran.”aku keprungu tangise wiwit jam 05.30”kandane salah sijine paman Aisyah omahe ora adoh saka omah korban.”tak kiro nangis lumrah.”tangise kok ora kaya biasane,tangisane kok suwe banget,padahal biasane bocah kuwi ceria banget.”Ature pamane.
Jam 09.30, dheweke ngajak Sa’adah niliki Aisyah ing kamare,sakarone kaget banget eruh tangane Aiayah ngetokake geteh nganti nelesi seprei lan jogan. Ibune dhewe mung mandeng wae.
    Ora kepingin putune tambah parah,Sa.adah lan putrane(paman Aisyah)gawa Aisyah menyang RSUD Jombang. Sawetara Aiyah dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo Surabaya di kancani bapake dhewe jam 11.30, Sa’ada mulih niliki kahanan ibune korban.
    Arifin kaget banget weruh kahanan kaya mankene.”wektu kadadean aku isih ning par.saka pasar aku langsung budal mrene”kandane Arifin.





TUGAS
Ndoleki unsur 5W + 1H ing PAWARTA nduwur :

1.          What(apa)  :Lengene bayi di gunting ibune dewe

2.          When (kapan):tanggal 25 agustus 2012

3.          Who (sopo) :
a.          Nur Anani Ana :pelaku
b.          Aisyah         :korban
c.          Arifin         :Garwa pelaku
d.          Sa’adah        :mbah korban
e.          Paman          :pamane korban

4.          Why (kenapa) :Aisyah di infus amarga mari ngetokake darah akeh teka tangan sing di gunting ibune

5.          Where (Dimana) :Aisyah di rujuk ing RSUD Jombang

6.          How (piye) :Aisyah di gawa keluargane menyang RSUD Jombang kahanane parah banget

10 komentar: